JUAL PRODUK

JUAL PRODUK
Kopyah Putih Original Untuk Yang Berminat Silahkan Whatsap +60169437598 cabang ada di indonesia

Jumat, 07 September 2012

Khutbah Idul Adha


اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ
اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadlirin Ingkang Minulyo
Injang meniko, kulo panjenengan sedoyo ugi sedoyo kaum muslimin wonten ing pundi ke mawon sami ngelampahi sholat Idul Adlha. Nembe mawon kulo ugi panjenengan sedoyo ngelampahi Ruku’ lan  Sujud kanthi khusyu’ lan khudlu’, ndepe-ndepa wonten ngersanipun Allah, mboten sanes sedoyo kolo wahu namung saperlu nuprih keridlonanipun Allah Swt. Ngelampahi Tho’at dateng perintah-perintahipun Allah Swt.
Poro Hadlirin,
kito sami takbir, tahmid lan tahlil sepanjang malam sebagai pengakuan bilih Allah Swt Dzat ingkang moho agung. Takbir ingkang kulo panjenengan lampahi meniko mboten namung ucapan ing lisan nanging sagetho nggetaraken dumateng manah kulo panjengan sedoyo sebagai tiang ingkang Iman, bilih menungso puniko kawulo ingkang lemah, namung Allah dzat ingkang Agung, mboten wonten dzat ingkang haq dipun sembah kejawin Allah Swt.
Milo, poro hadlirin, monggo, kulo washiyat dumateng panjengan sedoyo ugi awak kulo piyambak, monggo sami-sami ningkataken ketaqwaan dumateng Allah Swt. Kanthi ngelampahi sedoyo perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo larangan-laranganipun.
Hadlirin Jamaah Idul Adlha
Riyadin ingkang kito pringati setiap tanggal 10 wulan Dzul Hijjah meniko ngeleresi wakdalipun poro jamah Haji ngelampahi rukun haji ingkang paling utomo, inggih puniko Wukuf wonten ing Arafah. Wonten ing ngeriko, poro jamaah hajji sami ngagem pakaian ngngkang sami, inggih puniko pakaian serba putih, mboten wonten jahitanipun, ingkang disebut pakean Ihram. Sedoyo kemawon sangking latar belakang sosial engkang benten-benten, wonteng engkang sugih, melarat, pejabat, aparat lan sanes sanese, sedoyo sami-sami ngagem pakean ingkang sami. Meniko melambangkan persamaan aqidah, keyakian, pandangan hidup ugi persamaan dalam segala bidang kehidupan. Piyambaipun sami-sami taqarrub / ngeparek dateng ngersanipun Allah Swt.
Poro Hadlirin.... semanten ugi, injang puniko ugi dipun sebat Riyoyo Qurban keranten ing injang puniko ngantos akhiripun dinten tasyriq, kaum muslimin dipun perintahaken supados nyembelih hewan qurban,
Qurban ingkang dipun maksud wonten ing ngriki mboten namung ningali pinten regine atawin rupane lan baguse hewan ingkang dipun qurbanaken nanging dos pundi manah kito anggenipun qurban, keikhlasan lan niat ingkang saestu berqurban keranten ngelampahi perintahipun ugi ngeparek wonten ing ngersanipun Allah Swt. Allah Swt dawuh :
لَن يَنَالَ اللهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنكُمْ
Ingkang artosipun kirang langkung :
“Mboten daging atawin geteh hayawan ingkang dipun qurbanaken ingkang sampe’ wonteng ngersanipun Allah, ananging ketaqwaan tiyang ingkang qurban ingkang dipun tingali dining Allah Swt.”
Milo kangge sinten mawon ingkang ngelampahi qurban, monggo dipun toto niyate ingkang ikhlash mboten namung kangge unjun unjunan, sombong-sombongan, gumedhe lan lagak-lagakan. Nanging murni ngelampahi perintahipun Allah
فَصَلِّ لِربِّكَ وَانحَرْ
Kanti diperintah kurban meniko minongko piwulang sangking Allah supados kito tansah ngulinaaken berbagi dumateng sesami langkung-langkung ingkang sanget mbetahaken.

Hadlirin
Peristiwa Idul Adlha meniko ugi ngimutaken dumateng kito sedoyo tentang keluarga Nabiyulloh Ibrahim As. Sebuah keluarga idaman bagi kaum ingkang beriman, keluarga percontohan lan teladan bagi ummat ngantos dinten kiamat benjang.
Wonten ing kisah Nabiyullah Ibrahim dipun jelasaken kados pundi angsalipun piyamba’e tho’at dateng Allah ngalahaken kecintaanipun terhadap dunia, keluarga anak lan estri. Piyamba’ipun siap berkorban demi ngelampahi taat dateng ngersanipun Allah Swt.
Wonten ing yuswonipun ingkang sampun sepuh, Nabi ibrahim Nuwun dateng Allah kanti sanget supadoso dipun paringi putro ingkang  sholih, ingkang saget nerusaken perjuanganipun nabi ibrahim, piyambaipun ndungo :
رب هب لي من الصالحين
Ya Allah mugiyo paring panjenengan dumateng kulo putro-putro ingkang sholih.
Lajeng ingdalem sak antawes,  Allah nyembadani panuwunipun Nabi Ibrahim, Allah paring putro ingkang asma nabiyuullah Isma’il AS.
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى
Ananging, sa’ ba’danipun Isma’il sampun umur pitung tahunan, Nabi Ibrahim pikantuk ujian sangking Allah ta’ala, ujian ingkang agung, nguji ngantos pundi iman lan takwanipun Nabi Ibrahim dateng perintahipun Allah. Mboteng tanggung-tanggung, ujianipun inggih meniko perintah supados nyembelih putro  kesayanganipun ingkang tasih lucu-lucune, Nabiyullah Isma’il As.
Nabi ibrahim disamping sebagai Nabi ingkang kedah taat dumateng perintahipun Allah, piyambaipun ugi sebagai tiyang sepah, bapak ingkang nggadahi kasih sayang dateng putrane, ngayomi mboten sewenang-wenang, nopo maleh otoriter. Sak derange ngelampahaken perintah Allah, Nabi ibrahim tanglet dumateng putranipun
إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى
“Hei Isma’il, Aku ngimpi diutus dining Allah supoyo nyembelih awakmu, banjur piye miturut seliramu?”
Mekaten tuntunan sangking Nabi Ibrahim ingkang kedah kito tauladani, sepundi anggenipun bapak ngemong lan purun mirengaken pendapat sangking putrane gandeng kalehan ngelampahi amal ingkang diperintah Allah Ta’ala.
Kados dhene Nabi Ibrahim, nabi Isma’il ugi mboten kalah hebat. Sak sampunipun mirengaken perintah Allah ingkang mengancam keselamata jiwanya, dengan tegar Nabiyullah Ismail njewab :
يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Ingkang artosipun kirang langkung :
“Duhai Romo, menawi perintah nyembelih puniko sangking ngersanipun Allah Ta’ala….. Sumonggo, sumonggo dipun lampahi kemawon. Insya Allah kawulo kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”
Estu,..! jawaban Nabi Isma’il meniko jawaban ingkang luar biasa. Jawaban ingkang tegar menghadapi ujian sangking Allah supados berkorban mboten namung berkorban harta atawin tenaga, nanging berkorban mengorbankan nyawwa satu-satunya. Allahu Akbar Wa lillahil hamd.
Sikap nabi ismail meniko patut dipun tiru dining poro remaja Islam masa kini. Dimana mereka harus mengedepankan kepentingan untuk taat kepada perintah Allah daripada menuruti kepentingan dan keinginan hawa nafsunya.
Komitmen nabi Isma’il dalam mengorbankan jiwanya untuk Allah mboten namung wonten ucapan kemawon nanging dipun bukti’aken kanti tindakan nyata.
Sak sampunipun nabi Ibrahim lan Nabi isma’il sampe’ wonten ing panggenan penyembelihan. Nabi Ibrahim lantas nyancang nabi Ismail supados gampil angsalipun nyembelih. Nanging Nabi Isma’il protes “Romo, panjenengan uculi mawon taline, supados kulo mboten dipun wastani purun disembeleh keranten terpaksa”
Selajengipun, Nabi Ismail dipun sareaken tanpo dipun taleni lan Nabi Ibrahim engal-enggal nyembeleh putro kesayanganipun, nanging aneh, kanthi izin Allah, pedang nabi Ibrahim mboten mempan kangge nyembelih Nabi Isma’il. Meski dipun wangsuli malih lan malih nanging tetep mbonen mempan. Ngantos nabi Ismail matur dateng nabi Ibrohim “Duhai romo, manawi kemawon panjenengan tasih ragu keranten tasih ketingal wajah kulo. Milo panjenengan tutupi mawon, supados mboten wonten rumahos kasihan atawin mboten tego”
Sak sampunipun wajah nabi Isma’il dipun tutupi atawin dipun kurepaken. Panggah kemawon tasih mboten mempan.
فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ (103) وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ (104) قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إِنَّا كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ
Ngantos wonten dawuh tanpo rupo :
“Wahai Ibrahim, seliramu wes mbeneraken lan ngelaksanaaken perintah ono ing ngimpimu, sak temene Ingsun Allah bakal mbales kanti ganjaran kang agung marang wong kang podo agawe bagus”
Sareng kalean meniko, malaikat Jibril temurun kanti mbeto mendo supados dipun kangge qurban ingkang dipun syareataken ngantos sak mangke.
Hadlirin...
Pengorbanan ingkang dipun conto’aken nabi Ibrahim meniko sangat penting sebagai tarbiyah atawin pendidikan sangking Allah, milo saben tahun ummat Islam dipun perintah berqurban bagi tiyang ingkang mampu. Bahkan kanjeng Nabi Muhammad SAW. Nathe dawuh :
مَنْ وَجَدَ سَعَةً لأَنْ يُضَحِّىَ فَلَمْ يُضَحِّ فَلاَ يَحْضُرْ مُصَلاَّنَا
“sopo wonge ingkang diparingi kejembaran rizqi dining Allah iso tuku hewan qurban nanging ora gelem Qurban, mongko ojo oleh parek-parek teko ono ing masjid kito”

Kisah Nabi Ibrahim lan Nabi Isma’il meniko sagetho dados tulodo dateng kito sedoyo supados kito sami berkorban untuk Allah, untuk menjalankan perintah Allah.. mboten namung kurban harta nanging ugi korban pikiran lan wakdal saperlu ngelampahi taat dumateng Allah.
Mugiyo kanti peristiwa Idul Adlha injang meniko, kulo panjenengan sedoyo dipun paringi kekuawatan dining Allah supados saget terus berkorban untuk Agama, mendahulukan kepentingan agama daripada kepentingan diri masing-masing, Amiin Yaa Rabbal Alaamin.

أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ



Khutbah ke dua
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَِثيْرًا
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى
وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ . وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ. وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِينَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أعدائك اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَتَكَ اِلَى يَوْم الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا هذا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ



0 Komentar:

Posting Komentar